Jumat, 13 November 2015

WERNO - WERNANE JENISE AMAL - Oleh KH. M. Djamaluddin Ahmad

0 komentar

WERNO - WERNANE JENISE AMAL




Amal ibadah iku werno-werno
Wong kang ber-amal gak mesti podo

Ono kang ngakehake sholat e
Ono kang ngakehake wirid e

Ono kang khidmah maring ulama’
Ono kanh milih narbiyah ummat

Mulo sedulur podo miliho
Sarono izin ing guru iro

Amal ibadah pangane jiwo
Panganan lahir ku werno-werno

Ono kang mileh panganan sate
Ono kang mileh panganan gule

Jamu lan obat ugo werno-werno
Mulo sedulur podo miliho

Kejobo lamun siro nduwe dokter
Senajan siro dadi wong pinter

Iku gambre ahli thoriqot
Jo mileh dewe amalan tho’at

Mergo werno-werno tekone roso
Roso kang teko ing ndalem jiwo (2x)

Ono kang ngakehake posone
Ono kang mileh sholat wengine (2x)

Ono shodaqoh maring fuqoro’
Aweh manfaat ing masyaraka (2x)

Amal kang cocok tumrape siro
Kang narbiyah rohani iro (2x)

Panganan lahir pangane rogo
Mergo roso kang ora podo (2x)

Ono kang mileh panganan tempe
Ono kang mileh panganan kare (2x)

Mergo penyakit kang ora podo
Obat kang cocok tumrape siro (2x)

Dokter kang ahli ugo kang pinter
Kudu manot piyuduh dokter (2x)

Kang nduwe guru sarono bai’at
Tanpo izine guru kang mbe’at (2x)
Read full post »

Rabu, 04 November 2015

Syi’ir Do’a Mustajab – Oleh KH. M. Djamaluddin Ahmad

0 komentar

Do’a Mustajab
Dungo mustajab ono rukune
Kanggo sampurnone ono sebabe    
           
Lamun dungo iku cocok rukune               
Lamun nyocoki ing swiwine
                       
Lamun nyucoki mungguh wektune         
Lamun nyucoki mungguh sebabe  
           
Rukune dungo papat jumlahe                   
Tegese tansah ileng atine                            

Nomor lorone khusu’ atine                        
Mring Gusti Allah kang luhur sifate         

Nomor telune kudu isinan                         
Lamun nyuwune gak duwe sopan     
        
Nomor papate tansah arep-arep               
Kanugrahan Allah diarep-arep  
                 
Swiwine dungo iku ono loro                      
Nomor sijine jujur madepe                        

Wektune dungo wektune atine                 
Ugo waktune wektu kang sepi                  

Dene sebabe sholawat Nabi                      
Supoyo dungo dikabulake                         

Tuntunan iku kudu dimantepi                 
Mergo iku dawuh saking wong shufi       
ono swiwine ono wektune
saking Gusti Allah oleh ijabahe (2x)

bakal dadi kuat iku akhire
bakal munggah ing Pengerane (2x)

bakale bejo Kabul karepe
Allah bakal paring ing ijabahe (2x)

nomor sijine hadlir atine
Ing Gusti Allah yo Pengerane (2x)

tegese anteng madep atine
kang moho murah ing peparinge (2x)

tegese wiring maring Pengeran
kelawan Pengeran kang asifat Rohman (2x)

kalomane Allah sarono mantep
Tumrap kawulo kang gelem madep (2x)

krono suwiwi kudu sak jodo
nomor lorone halal pangane(2x)

bebas lah bersih ko pengaruhe
supoyo ati madep Ilahi (2x)

sakwise dungo lan sak durunge
ora ditolak maksud atine (2x)

ugo diyakini lan dilakoni
Ibnu ‘Ataillah as-Sakandari (2x)
Read full post »
 

Copyright © AL-HIKAM KH. MOCH. DJAMALUDDIN AHMAD Design by Free CSS Templates | Blogger Theme by BTDesigner | Powered by Blogger