Jumat, 13 November 2015

WERNO - WERNANE JENISE AMAL - Oleh KH. M. Djamaluddin Ahmad


WERNO - WERNANE JENISE AMAL




Amal ibadah iku werno-werno
Wong kang ber-amal gak mesti podo

Ono kang ngakehake sholat e
Ono kang ngakehake wirid e

Ono kang khidmah maring ulama’
Ono kanh milih narbiyah ummat

Mulo sedulur podo miliho
Sarono izin ing guru iro

Amal ibadah pangane jiwo
Panganan lahir ku werno-werno

Ono kang mileh panganan sate
Ono kang mileh panganan gule

Jamu lan obat ugo werno-werno
Mulo sedulur podo miliho

Kejobo lamun siro nduwe dokter
Senajan siro dadi wong pinter

Iku gambre ahli thoriqot
Jo mileh dewe amalan tho’at

Mergo werno-werno tekone roso
Roso kang teko ing ndalem jiwo (2x)

Ono kang ngakehake posone
Ono kang mileh sholat wengine (2x)

Ono shodaqoh maring fuqoro’
Aweh manfaat ing masyaraka (2x)

Amal kang cocok tumrape siro
Kang narbiyah rohani iro (2x)

Panganan lahir pangane rogo
Mergo roso kang ora podo (2x)

Ono kang mileh panganan tempe
Ono kang mileh panganan kare (2x)

Mergo penyakit kang ora podo
Obat kang cocok tumrape siro (2x)

Dokter kang ahli ugo kang pinter
Kudu manot piyuduh dokter (2x)

Kang nduwe guru sarono bai’at
Tanpo izine guru kang mbe’at (2x)

0 komentar:

Posting Komentar

 

Copyright © AL-HIKAM KH. MOCH. DJAMALUDDIN AHMAD Design by Free CSS Templates | Blogger Theme by BTDesigner | Powered by Blogger