Dungo mustajab ono rukune
Kanggo sampurnone ono sebabe
Lamun dungo iku cocok
rukune
Lamun nyocoki ing swiwine
Lamun nyucoki mungguh
wektune
Lamun nyucoki mungguh sebabe
Rukune dungo papat
jumlahe
Tegese tansah ileng
atine
Nomor lorone khusu’ atine
Mring Gusti Allah kang luhur
sifate
Nomor telune kudu isinan
Lamun nyuwune gak duwe sopan
Nomor papate tansah
arep-arep
Kanugrahan Allah diarep-arep
Swiwine dungo iku ono
loro
Nomor sijine jujur madepe
Wektune dungo wektune
atine
Ugo waktune wektu kang
sepi
Dene sebabe sholawat
Nabi
Supoyo dungo
dikabulake
Tuntunan iku kudu
dimantepi
Mergo
iku dawuh saking wong shufi |
ono swiwine ono wektune
saking Gusti Allah oleh ijabahe (2x)
bakal dadi kuat iku akhire
bakal munggah ing Pengerane (2x)
bakale bejo Kabul karepe
Allah bakal paring ing ijabahe (2x)
nomor sijine hadlir atine
Ing Gusti Allah yo Pengerane (2x)
tegese anteng madep atine
kang moho murah ing peparinge (2x)
tegese wiring maring Pengeran
kelawan Pengeran kang asifat Rohman (2x)
kalomane Allah sarono mantep
Tumrap kawulo kang gelem madep (2x)
krono suwiwi kudu sak jodo
nomor lorone halal pangane(2x)
bebas lah bersih ko pengaruhe
supoyo ati madep Ilahi (2x)
sakwise dungo lan sak durunge
ora ditolak maksud atine (2x)
ugo diyakini lan dilakoni
Ibnu
‘Ataillah as-Sakandari (2x) |
Browse » Home
Rabu, 04 November 2015
Syi’ir Do’a Mustajab – Oleh KH. M. Djamaluddin Ahmad
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar